Pictor67O i 02l Bb8Dy Ww d .00cesiSsZzin k 0tioLp
| PICTOR | |
|---|---|
|
Daftar lintang ing Pictor | |
| Cekakan | Pic |
| Genitif | Pictoris |
| Asensio rekta | 4.53 h ~ 6.85 |
| Deklinasi | −43° ~ −64 |
| Area | 247 derajad pesagi (#59th) |
| Lintang utama | 3 |
| Lintang Bayer/Flamsteed | 15 |
| Lintang mawa planèt | 3 |
| Lintang padhang | none |
| Lintang cedhak | 1 |
| Lintang paling padhang | α Pic (3.30m) |
| Lintang paling cedhak | Kapteyn's Star ( tc) |
| Obyèk Messier | none |
| Udan météor | none |
| Rasi lintang sing wewatesan |
Caelum Carina Columba Dorado Puppis Volans |
| Katon antara lintang +26° lan −90°. Katon paling cetha ing wektu 21.00 jroning sasi January. ' | |
Pictor inggih punika salah satunggaling rasi lintang ingkang mapan wonten ing belahan langit sisih kidul. Rasi lintang pictor mapan wonten ing antawisipun lintang ingkang pinter inggih punika Canopus lan Large Magellanic Cloud. Rasi lintang punika ingghih nama Latin saking painting, nanging ing kasunyatanipun, rasi lintang punika nama aslinipun inggih punika Equuleus Pictoris. RAsi lintang punika sepisanan dipunbiwarakaken lan dipunparingi nama déning Abbé Nicolas Louis de Lacaille wonten ing abad kaping 18.
Lintang-lintang[besut | besut sumber]
Rasi lintang Pictor punika gadhah aréa ingkang ambanipun 247 drajat persegi lan ngewrat kalih lintang ingkang dipunmangertosi minangka planit-planit. Rasi lintang punika saged dipuntingali ing garis lintang antawisipun +26° lan-90°, lan paling saé dipuntingali ing pukul 9 dalu ing salebeting sasi Januari.[1]
- Lintang ingkang paling padhang wonten ing konstelasi Pictor punika inggih kanthi nama alpha Pictoris, salah satunggaling lintang tipe A ingkang umuripun udakawis 660 milyar taun, ingkang tebihipun kirang langkung 99 taun cahya saking bumi. Alpha Pictoris inggih punika lintang wonten ing kutub kidul saking planit Merkurius.
- Beta Pictoris inggih punika lintang ingkang paling padhang nomer kalih wonten ing konstelasi Pictor, lan punika inggih kalebet lintang ingkang sanget enem kanthi umuripun kirang saking 20 milyar taun. Lintang punika gadhah kempalan lebu ingkang kathah lan ugi gas, kanthi komposisinipun meh sami kaliyan komposisi galaksi Bimasekti. Lintang punika inggih anggota paling wigati wonten ing Beta Pictoris Moving Group, satunggaling grup saking 28 lintang enem ing 17 sistem lintang, ingkang tebihipun kirang langkung 115 taun cahya. Beta Pictoris mapan wonten ing jarak 63,4 taun cahya saking bumi.
Kapteyn’s Star (HD 33793) inggih punika satunggaling wujud red dwarf ingakng tebihipun 12,78 taun cahya. Pictor ugi ngewrat objek langit lebet ingkang kedah dipuncathet, inggih punika wonten NGC 1705 ingkang kalebet galaksi kurcaci ingkang boten aturan, ingkang ambanipun 2.600 taun cahya kanthi tebihipun kirang langkung 16,6 taun cahya.[2]
Pictor kalebet satunggal kulawarga kaliyan rasi lintang Lacaille sesarengan kaliyan rasi lintang Norma, Circinus, Telescopium, Microscopium, Sculptor, Fornax, Caelum, Horologium, Octans, Mensa, Reticulum lan Antlia. Rasi lintang sanèsipun ingkang ngiteri rasi lintang Pictor inggih punika rasi lintang Caelum, Carina, Columba, Dorado, Puppis lan Volans. [3]
Cathetan suku[besut | besut sumber]
- ↑ Pictor(dipunundhuh tanggal 14 Pebruari 2013)
- ↑ Wilkins & Dunn 2006.
- ↑ Russell 1922, k. 469.
- Cousins, A. W. J. (1966). "The eclipsing variable δ Pictoris". Monthly Notices of the Royal Astronomical Society 131: 443–45. Bibcode:1966MNRAS.131..443C.
- Kotoneva, E.; Innanen, K.; Dawson, P. C.; Wood, P. R.; De Robertis, M. M. (2005). "A study of Kapteyn's star". Astronomy & Astrophysics 438 (3): 957–62. Bibcode:2005A&A...438..957K. doi:10.1051/0004-6361:20042287.
- Malkov, O. Yu.; Oblak, E.; Snegireva, E. A.; Torra, J. (2006). (list) "A catalogue of eclipsing variables" Priksa gandra
(pitulung). Astronomy and Astrophysics 446 (2): 785–89. Bibcode:2006A&A...446..785M. doi:10.1051/0004-6361:20053137. Paramèter|url=|month=sing ora kawruhan dikiwakaké (pitulung)</ref> - Motz, Lloyd; Nathanson, Carol (1988). The Constellations. New York City: Doubleday. ISBN 978-0-385-17600-2.
- Harvard College Observatory (1883). "Notes". The Observatory 6: 127–31. Bibcode:1883Obs.....6..127. Paramèter
|month=sing ora kawruhan dikiwakaké (pitulung) - Patterson, Joseph; Moulden, , Margaret. "Rapid oscillations in cataclysmic variables. X-TW Pictoris (=H 0534-581)". Astronomical Society of the Pacific 105 (689): 779–84. Bibcode:1993PASP..105..779P. ISSN 0004-6280.
- Pavlovski, K.; Cuypers, J.; David, M.; Griffin, R. E. M.; Hensberge, H.; Ilijic, S.; Verschueren, W. (1998). "The nearby ellipsoidal variable TV Pictoris". Astronomy and Astrophysics 331: 639–50. Bibcode:1998A&A...331..639P.
- Perley, Richard A.; Röser, , Hermann-Josef; Meisenheimer, Klaus (1997). "The radio galaxy Pictor A-a study with the VLA" (PDF). Astronomy and Astrophysics 328: 12-32. Bibcode:1997A&A...328...12P.
- Ridpath, Ian (1988). "Pictor". Star Tales. Dijupuk 13 October 2012.
- Russell, Henry Norris (1922). "The new international symbols for the constellations". Popular Astronomy 30: 469. Bibcode:1922PA.....30..469R. Paramèter
|month=sing ora kawruhan dikiwakaké (pitulung) - Smith, B. A.; Terrile, R. J. (1984). "A circumstellar disk around Beta Pictoris". Science 226 (4681): 1421–24. Bibcode:1984Sci...226.1421S. PMID 17788996. doi:10.1126/science.226.4681.1421.
- Wagman, Morton (2003). Lost Stars: Lost, Missing and Troublesome Stars from the Catalogues of Johannes Bayer, Nicholas Louis de Lacaille, John Flamsteed, and Sundry Others. Blacksburg, VA: The McDonald & Woodward Publishing Company. ISBN 978-0-939923-78-6.
- Wilkins, Jamie; Dunn, Robert (2006). 300 Astronomical Objects: A Visual Reference to the Universe. Buffalo, New York: Firefly Books. ISBN 978-1-55407-175-3.</ref>
Cithakan:88 rasi lintang modhern